Saiki ono istilah anyar sing lagi populer: crazy rich. Boso Jowone, (wong) sugih mbrewu. Kadang-kadang iso ugo artine wong sugih anyaran. Utowo jarene simbah-simbah mbiyen, wong kere munggah bale.
Biasane wong-wong ngene iki seneng pamer duwik. Contone: Indra Kenz karo Doni Salmanan sing ulan wingi dicekel pulisi mergo terlibat penipuan berkedok trading.
Menungso pancen seneng pamer, seneng digunggung. Pamer dunyo. Pamer bojo. Pamer kapinteran. Pamer kealiman. Lan liyo-liyane.
Nanging asline pamer iku ora apik. Mergo yo ora ono manfaate blas, kanggo sing pamer, utowo sing dipameri. Wong ibadah iku apik. Tapi nik niate pamer, dadine ora apik. Jenenge riya’. Opo maneh pamer harta. Malah nggarai wong liyo iri. Iso-iso malah ngundang penjahat.
Mangkane sing enak iku asline wong sing sederhana. Contone koyok tonggoku, nandi-nandi numpak honda Suzuki Jet Cooled. Emboh tahun piro. Ragangane wae wis mbulak kabeh. Tapi wonge iki mungkin wong paling tenang sak ndonyo. Nandi-nandi kunci sepeda montore nemplek terus nang setang. Ora tau dijabut. Yo enak wae ora kepikiran dicolong uwong mergo yo opo tumon ono maling nyolong Jet Cooled.
Nik sepedaan, mesti alon-alon mergo memang hondae wis ra iso mlaku banter. Naliko ditakoni lapo kok ora ganti honda sing banter, jarene mergo nik sepedae banter, deweke ora iso moco dzikir lan sholawat.
Saiki bandingno karo wong sugih sing nandi-nandi nggowo barang larang. Nandi-nandi mesti kuwatir. Numpak montor, wedi kesrempet. Numpak honda, wedi dicolong.
Asline wong-wong ngene iki uripe gelisah terus. Kepingin digunggung wong liyo terus. Padahal nik wis digunggung, terus piye? Opo nik bar digunggung trus rasane koyok orgasme ngono opo piye?
Biasane wong sing seneng pamer iku ora sesuai karo kenyataane. Sing pamer duwik, asline ora sugih tenanan, contone yo koyok Indra Kenz iku. Sing seneng pamer foto-foto keluarga romantis, asline keluargane ora seromantis iku, contone yo koyok artis-artis sing nang tivi iku.
Sing seneng pamer kapinteran, biasae ora sepinter iku, contone yo koyok sing nulis nang LamonganPos.com iki. Sing pamer kealiman, asline ora sealim iku, contone yo koyok ustad terkenal sing seneng ngejak wong sedekah padahal asline cuma kanggo keuntungan pribadine.
Memuji utowo dipuji iku podo-podo ora apike. Senajan memuji wong sing bener-bener alim wae ora apik. Ali bin Abi Thalib wae, naliko digunggung, langsung ngomong nang ngarepe wonge sing muji, “Aku asline ora seapik iku.” Nik dipuji, Sayyidina Ali malah wedi, trus langsung ndungo, “Ya Allah, mugi panjenengan mboten nyikso kulo amergi pujian tiyang meniko.”
Alhamdu lillah. Kabeh puji-pujian mung kanggo Gusti Allah.